Rabu, 19 Maret 2014

Guyon Maton Banyumasan

      Sedulur kiye tamba sebel punyenge kaki,nini,ramane,biyunge,kakange mbekayune lan sedulur kabeh,moga bae bisa gawe nguyu lan mesem nek wis maca cerita singkat kiye,monggoooo..... sugeng maos ingkang kanti sekeco......
   
1.       BU GURU TAKON
Guru Mar   :  Jajal sapa sing ngerti, apa ciri cirine yen gunung api esih aktif?
Baron bocah sing paling nakal langsung angkat tangan
Guru Mar  : Ya ko baron, apa jawabane...?
Baron   : Di miscal bae bu, angger esih nyambung berarti esih aktif.
Guru  Mar : Dasar bocah Nakal...

2.ORA TAU MARING KANTIN MANING
Darwan : Kawit Mingun kancaku pindah sekolah, aku dadi wegah jajan maring kantin sekolah.
Warijan  : Wah Kenangapa wan?
Darwan : Soale Mingun sing mbayari aku angger jajan nang kantin.

3.JERE SUGIH PITU TURUNAN LUR
Nang pinggir dalan ana 2 pengemis sing lagi ngobrol...
Pengemis1 : Sedina med dhewek ngemis, kok ra bisa nggo tuku mobil ya?, Padahal aku kiye turunanne wong sugih, bandhane ra  enthek dipangan 7 turunan.
Pengemis2 : Lha terus kenangapa kowe bisa kere lan ngemis kaya kiye?
Pengemis1 : Soale aku keturunan sing ke wolu.....
Pengemis 2: ohhhh....wong gemblung ngomong karo sandal kiye....

4.Pejabat
Ratno   : Angger ana tamu Pejabat teka, kenangapa cokan dikalungi kembang?
Ratim  : Jenenge bae tamu pejabat, ya mesti diajeni pisan.
Ratno  :  Salah.... maksude kuwe kon ora klera kleru, soale angger dikalungi anduk, mengko wedi  diarani tukang becak....
Ratim  : Wooo.... Asem...

5. Drs karo RA
Kaslam : Kenalaken mbak, jenengku Drs Kaslam
Partilem : Alumnus ngendi mas?
Kaslam : Ora tau kuliah kok mbak, Drs kuwe singkatan Duda Rada Suwe.
Angger Mbak, sapa jenenge?
Partilem : RA Partilem
Kaslam : Keturunan Ningrat tho Mbak?
Partilem : Dudu Mas, RA kuwe singkatane Randha Anyar...
Kaslam :oh...Kaya kue

6.MLAKU BAE
Sinem : Jerene nduwe pit montor telu, dheneng angger maring ngeneh mung mlaku?
Sidam : Arep tak tumpaki telu telune angel,... penake mlaku bae.
Sinem  : Dasar....

NJOTOS GURU
7."Tanggaku nembe mlebu sekolah, langsung njotos gurune"
"Terus, deweke ditokna sekolaeh?"
"Ora, deweke njotos gurune, malah gurune njaluk dijotos maning"
"Hwalah, Sekolah Apa kuwe?"
"Sekolah Tinju"

8.TUKU TISWI/TV
Kang Mistam bakul duren lagi nang toko elektronik sokaraja, dheweke arep tuku TV
Kang Mistam   : apa ana TV warna?
Bakule            :  Ana pak.
Kang mistam   : Aku njaluk sing warnane kuning.
Penjual           : ?????

9.KECUT APA LEGI
"pak, Sekilo pira regane jeruk kiye?"
"Limangewu Bu"
"Jeruke kecut apa legi pak?"
"Jelas legi lah bu, angger kecut ora usah bayar !"
"Angger kaya kuwe, tulung dibungkusna sekilo sing kecut ya."

10.DADI WASIT
Giman      : Ji, angger kowe dadi wasit bal balan, nemoni rong klub sing arep bertanding, nganggo  seragam sing padha kabeh, kepriwe tindakanmu?
Kang Puji : Gampang bae Man, diundi dhisit, nganggo pilihan, siji diuculi kaose, sing siji diuculi  katoke.


Semono dipit sedulur,ngesuk-ngesuk tek tambaih sing lewih lucu ea,.....hahahahahaha,salam satu hati dari Sang Bleketir Gaul.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar